Kembali
Coretan Ringan

Wong Kampung Nonton Pabrik Montor Mabur

Dening : Cahyadi Takariawan

Iki crito kanggo sedulur sedulurku ing kampung, utowo kanggo poro konco sing manggon ono ndeso. Ojo podo isin dadi wong kampung utowo wong ndeso, ojo minder yen ketemu wong kuto. Soale apike uwong iku dudu soko ngendi asale, tapi koyo ngopo ati lan kelakuane. Iki aku arep crito pengalamanku mlebu neng pabrik montor mabur sing paling kondang sak ndonya, yaiku Boeing.

Bejo temen awakku iso mlaku-mlaku tekan Seattle, salah sawijining kuto ing Washington.  Wondene  Washington iku salah sawijining propinsi ing Amerika Serikat. Wah aku bingung mbedakne Washington DC karo Washington tok, maklum wong kampung. Sing aran Washington DC, iku sing kutoprojone Amerika, ing kono ono kantore pak Obama. Ning yen Washington tok, iku aran propinsi. Seattle iku kuto ing jerone propinsi Washington.

Ing propinsi Washington iki akeh banget barang kang ampuh. Contone, ono pusate kantor Microsoft, ono omahe Bill Gates kang duweni pabrik Microsoft tur sugih mblegedu. Ampuh to ? Bill Gates iku saliyane sugih, tur yo seneng bebantu marang masyarakat. Nek eneng Indonesia mesti wis gawe partai politik trus nyalon dadi gubernur utowo presiden. Soale duwite akeh tur loma tenan. Opo pancen loma yo? Soale nek wong sugih gelem weweh ing Amerika, iku tegese ngurangi pajek neng negoro. Tambah akeh wewehe, tambah sudo pajeke. Mulane nek dadi wong sugih neng Amerika dadi podo seneng weweh, men ngurangi pajek.

Ing sajrone kuto Seattle iki, ono pabrik Boeing sing gawe montor mabur. Pancen bejaku, neng Seattle iki ketemu mas Irfan, bocah asli Ngestiharjo Bantul, sing kerjo neng nggon Boeing. Lha ampuh to, ing ngatase bocah mBantul lah kok iso gawe montor mabur. Byuh…byuh… Mongko akeh sedulur neng mBantul sing durung nate numpak montor mabur. Jebule sing nggawe mung bocah Ngestiharjo.

Nurut critane mas Irfan, Lion Air neng Indonesia saben sasi njupuk pesawat Boeing 737 seri 900 ER seko Seattle. Mben sasi pesen siji, nganti luwih seko satus sing dipesen tur olehe njupuk saben sasi siji. Nek jenis Boeing 737, saben sasi diproduksi nganti 38 cacahe, tur wis ono sing tuku kabeh. Dadi digawe iku mergo ono sing tuku.

Esuk iki mau aku diampiri mas Irfan neng omahe mas Patriawan, soale ndek mau bengi aku nginep neng omahe mas Patriawan, kuto Everett. Banjur diajak mubeng-mubeng mlebu pabrike montor mabur sing paling kondang sak ndonyo, yoiku Boeing. Seneng banget aku iso diajak mangerteni langsung carane nggawe montor mabur.

Esuk iki mau udan gerimis ing wilayah Everett lan Seattle, soale pancen dikenal dadi daerah udan. Aku karo mas Irfan mlebu museum Boeing sing katon resik tur peni. Eneng nggon museum ono gambar lan bentuk-bentuk pesawat, sebagiane kanggo simulasi. Aku ming poto-poto wae neng museum iku, soale tulisane kabeh boso Inggris tur aku ora iso moco. Jan ora dong karepe opo. Tak goleki sing tulisane Jowo pancen ora ono temenan. Mulane sing penting potone.

Jam setengah sewelas melu rombongan tour Boeing, soale pancen disediakne rombongan tour saben setengah jam sepisan. Saben rombongan mlebu sak bis, tur ono pemandune, dadi maksude ben iso crito piye sejarahe lan proses nggawe montor mabur. Regane tiket rong puluh dolar kanggo wong siji. Jebule yo akeh sing podo melu rombongan tour. Sayange ora entuk nggowo kamera, hand phone, uga ora entuk nggowo panganan lan omben. Mongko biasane aku nek mlancong neng Prambanan nggowo arem-arem karo wedang teh.

Bareng wis jam setengah sewelas, rombongan wiwit mlebu bis gede. Pemandune wong bule tur ngomong terus nganggo boso Inggris, dikiro aku ngerti maksude. Tak pikir jan ora sopan temen pemandune, ngomong karo wong tuwo kok yo ngoko, ora nganggo kromo inggil. Mulane aku meneng wae. Ketoke rombongan sing asal Jepang sebagian yo ora dong boso Inggris. Dadi aku ono kancane, podo-podo radongblas.

Rombongane kiro-kiro wong telung puluh, sing paling akeh wong seko Jepang. Ketoke rombongan turis ngono. Ono maneh simbah lanang wis tuwek banget, kiro-kiro umure wolungpuluh tahun. Numpak kursi rodho disurung wong wadon, mungkin anake. Aku gumun, wong bule pancen duwe semangat urip kang duwur. Sanajan wis tuwo, tetep semangat melu kegiatan tour. Ing rombongan ono maneh bule liyane, uga katon wong India sekeluargo. Sing Jowo mung aku karo mas Irfan.

Mudun seko bis, langsung diajak mlebu neng gedong guede banget. Iku gedong sing paling gedhe sak ndonya amargo pancen kanggo ngrakit montor mabur komersial Boeing. Iso dibayangke to, wong montor mabure wae gedhe banget, mesti pabrike yo gedhe. Nek nggawe ora mung siji, ning akeh banget jenise. Karo mlaku mlebu bagian gedonge pabrik, pamandune sing bule mau ngomong terus. Aku ngerti deweke nglucu, soale wong-wong podho ngguyu. Mulane aku yo melu ngguyu men dikiro ngerti omongane.

Sing pisanan dituju iku produksine Boeing 747 jenis sing paling anyar, yoiku Boeing 747-8. Wah iki guedhe pol…. Iso ngangkut petangatus seket tekan limangatus penumpang. Bentuke sing ono mblenduke neng duwur, soale pancen ono kursi penumpang ing bagian nduwur. Dadi iku tingkat loro. Abote limangatus ton. Jabang bayik…. lah piye carane mabur, wong abote sakmono. Wah jan pinter tenan wong-wong sing ahli nggawe montor mabur iki.

Bubar seko kono diajak pindah maneh neng nggone bagian Boeing 777 karo 787. Rombongan ndelok seko bagian nduwur, men ora ngganggu sing lagi podo kerjo nggawe montor mabur. Akeh banget pesawat sing lagi digawe. Nurut critane Irfan, akeh bagian-bagian sing digawe neng negoro liyo utowo propinsi liyo. Misale bagian mesin ono sing digawe seko Jepang koyodene pabrik Fuji lan Mitsubishi. Ono ugo mesin sing digawe pabrik Roll Royce. Bagian sayap ono dewe sing nggawe, bagian awak ono dewe sing nggawe, semono ugo bagian buntut lan liyo-liyane.

Dadi pabrik Boeing iku ora kok nggawe dewe kabeh perangane pesawat, nanging mung nggawe konsep utowo rancangane, bubar kuwi terus pesen perangane neng pabrik-pabrik liyo supoyo nggawekne. Yen wis dadi, mengko bakal diangkut nganggo pesawate Boeing sing khusus kanggo ngangkuti perangan kasebut. Ono pesawat guede banget neng landasan sak njabane pabrik, iku sing kanggo ngangkut awake pesawat, suwiwine pesawat, buntute pesawat lan liyo liyane. Dadi awak pesawat sing dipesen iku, utuh dilebokne nggon njerone pesawat pengangkut iku.

Bareng perangan-perangan sing dipesen wis dadi kabeh, banjur dirakit ing pabrik Boeing sing eneng kuto Seattle mau. Nek wis rampung dirakit banjur dicet, iso mbayangne opo ora pirang ton cet sing kanggo pesawat gede koyo ngono iku. Rak kemeng to awake dewe nek dikon ngecet pesawat nganggo kuwas, lah terus kapan rampunge…. Kuwase rak yo podho bodhol kabeh… Jebule nganggo semprotan sing gedhe tur canggih, dadi olehe ngecet yo cepet.

Jarene ngrakit pesawat nganti dadi, merlokne wektu sepuluh dino. Kamongko pangajabe Boeing iso dirampungne telung ndino, nanging nganti saiki durung kasil. Kok yo cepet banget yo, gawe pesawat kok ming telung dino. Jan ampuh temen…. Tanggaku neng Banguntapan Bantul nggawe boto cetak wae merlokne wektu seminggu, lah iki wong Amerika nggawe pesawat telung ndino….. Nanging jaman semono simbah crito, Prabu Boko nggawe sewu reco ming sewengi, jarene ming kurang siji…. Lha iku yo ampuh to ?

Sakwise pesawat dadi banjur diuji disik, opo pancen iso mabur, opo pancen iso dikontrol, opo pancen aman lan ngirit. Kabeh dicoba, nganti sing cilik-cilik kudu dipestekke nek pesawate pancen siap ditumpaki penumpang. Ora entuk mbebayani penumpang. Jarene mas Irfan, pesawat iku digawe iso dienggo nganti kapan wae anggere gelem nyrateni koyo standar sing digawe pabrik Boeing. Angger olehe nyrateni sesuai karo standare pabrik, mesti biso aman ditumpaki sanajan umure wis tuwo.

Dadi nek eneng Indonesia jaman semono akeh pesawat kecelakaan, iku sebabe seko kondisi pesawat sing ora dirawat sesuai standar, utowo seko tindakane pilot sing ora standar. Kudune pesawat dirawat kanti apik koyo standar sing wis digawe seko pabrike, ananging mbok menowo ing Indonesia iku kakehan kompromi. Petugase podo kompromi, saenggo pesawat sing kudune wis wayahe dirawat ananging ora dirawat kanti apik lan tememen. Utowo pilote ora ngugemi prosedur lan standar resmi sing kudu dilakoni, malah leda lede sak geleme dewe, akhire dadi lan matine…. Ono maneh pilot ugal-ugalan, koyo wong kang duwe nyowo serep…

Metu seko pabrik, bali maneh numpak bis neng museum. Aku isih sempat nonton-nonton kahanan museum. Alhamdulillah, aku rumongso lego iso teko nonton pabrike montor mabur sing paling kondang lan paling akeh dienggo wong sak ndonya. Jenenge Boeing, nek kanggone wong Jowo, tembung iku tegese Rebo Paing. Mbok menowo jaman semono lahire pabrik pesawat iku pas dino Rebo Paing saenggo disingkat Boeing. Pinter tenan oleh nggawe jeneng yo…..

Seattle, 2 Maret 2011

Ditulis oleh Cahyadi Takariawan

Dipublikasikan di RUANG KELUARGA. Media edukasi keluarga, parenting, dan keharmonisan rumah tangga.